Tuladha Cerkak
Merga Ora
Sinau
Bel masuk wis muni, kabeh siswa pada mlebu kelas masing-masing. Siswa
kelas 9F ana ulangan IPS. Viva lan Vida iku cah wedok sing padha dene pintere
ning kelas 9F. Ning kelas 9F iku ana geng sing jenenge “ Rur-Rur”. Geng Rur-Rur
anggotane 5, yaiku Meri, Sani, Beti, Susan, lan Susi. Geng Rur-Rur ora reti nek
ana ulangan IPS dina iki. Cah geng ngertine ana ulangan IPS sekaa Sinu sing
nakoni dheweke kabeh selaku de’e dadi ketua kelas. “ Hei, Geng Rur-Rur wes
padha sinau IPS durung?”, takone Sinu, “ Lah, emang ana opo kok sinau IPS?”,
takon balik Geng Rur-Rur, “ Kan ana ulanga to, mulakno nik diterangke Bapak/Ibu
Guru ki dirungoake!”, tegas Sinu, “Yowis santé to, mengko lak iso to Nu?”,
omonge Beti santai, “ Yo, karepmu sing arep entuk biji lakyo kowe.”, jawabe
Sinu, “ Hmm….”, dheweke gremeng.
Jam pelajaran Bahasa Indonesia tinggal 15menit meneh. Raine Geng Rur-Rur
uwis bingung lan panik, amarga dheweke kabeh hurung sinau ( sak gatra we hurung
). Viva, Vida, lan kancane sek liyane biasa wae lan tenang-tenang wae raine.
Pelajaran Bahasa Indonesia wis ditutup. Bu Sind iwis ning ngarep pintu lan wis
arep mlebu kelas. Bu Sind iwis mlebu lan mbagikke soal ulangan ning para siswa
kabeh. Wektu nggo nggarap ulangan 60 menit, ora oleh ngepek lan ndelok buku.
30 menit wis liwat. Geng Rur-Rur bingung le arep jawab soal. Akhire,
meneng-meneng dheweke kabeh ndelok buku. Cah-cahe soal ana 25, nah 15 soal uwis
kejawab. Wektu tinggal 15 ment Geng Rur-Rur ora sadar nek Bu Sindi ana ing
mburine. Geng Rur-Rur ketahuan lan dheweke jabeh entuk biji ning ngisor KKm.
Wis bijine elek isih ketambahan hukuman saka Bu Sindi. Hukumane, yaiku
ngeresiki kelas ngantik resik lan wangi. Geng Rur-Rur uwis rampung ngeresiki,
terus Geng Rur-Rur lapor ning Bu Sindi. Banjur, Bu Sindi ngekei nasehat merah
cah 5 seka geng Rur-Rur. Aja ngelakoake hal sing elek, nek ana pelajaran
dirungoake lan diperhatekke, nah aja ngelakoake hal iki meneh yo. Banjur, Geng
Rur-Rur bali lan InsyaAllah ora
ngelakoake hal elek kui meneh.
Komentar
Posting Komentar