Materi Cerkak
CERKAK
Ing postingan iki arep
dibahas apa iku sing diarani cerkak utawa cerita cekak. Cerkak utawa cerita
cekak uga diarani cerpen utawa cerita pendeking
bahasa Indonesia. Cerkak basa Jawa uga nduweni unsur intrinsik sing ora beda
adoh karo cerpen bahasa Indonesia. Ing ngisor iki penjelasane.
A. Pangerten Cerkak utawa cerita cekak
Cerkak utawa cerita cekak
yaiku carita kang isine ringkes lan ora mbutuhake wektu suwe anggone maca.
B. Unsur-unsur intrinsik
Unsur-unsur intrinsik
cerita cerkak, yaiku :
1. Tema
Tema yaiku ide pokok
pikiran cerita.
2. Paraga
Paraga yaiku cara pangripta
nggambarake lan mbabar watak para paraga ing cerita cekak.
Paraga kaperang dadi telu,
yaiku :
a) Protagonis, yaiku paraga kang nduweni watak becik.
b) Antagonis, yaiku paraga kang nduweni watak ala.
c) Tritagonis, yaiku paraga kang dadi penengah.
3. Prastawa
Prastawa ing
cerita cekak kaperang dadi lima, yaiku :
a) Ngenalake tokoh lan masalah.
b) Tumuju marang anane konflik.
c) Klimaks.
d) Anti klimaks.
e) Pungkasan.
4. Latar
Latar ing cerita cekak
kaperang dadi 4, yaiku :
a) Latar wektu
b) Latar panggonan
c) Latar swasana
d) Latar sosial-budaya
5. Alur
Alur ing cerita cekak
kaperang dadi 3, yaiku :
a) Alur maju
b) Alur mundur
c) Alur campuran
6. Sudut pandang
Sudut pandang ing cerita
cekak ana 2, yaiku :
a) Sudut pandang wong kapisan.
Nganggo tembung aku,
enyong, kula.
b) Sudut pandang wong katelu.
Nganggo jenenge
wong, dheweke, panjenengane.
7. Isi wejangan (amanat)
Isi wejangan utawi amanat
yaiku pesen kang kaandhut ing sajroning cerita.
C. Unsur
Ekstrinsik
yaiku unsur saka njaba pengarang. Tuladhane unsur
ekstrinsik:
1. Unsur Sosial2. Unsur Politik3. Unsur Ekonomi4. Unsur Budaya5. Unsur Religi, Lsp
Komentar
Posting Komentar