Materi Pawarta
PAWARTA
1. Definisi
Pawarta
yaiku cathetan kadadeyan utawa prastawa kang diwedharake ing sajroning tulisan
ing media cetak, utawa laporan ing media elektronik. Kadadeyan utawa prastawa
kang diwedharake iku awujud kadadeyan saben wektu sing ana ing ndonya iki,
umpamane: lindhu (gempa bumi), perang, rudapeksa (pemerkosaan), banjir, lan
liya-liyane.
2. Jinis Pawarta
Pawarta
Dadakan
Pawarta
dadakan yaiku pawarta kang wektu lan panggonan kadadeyane ora kena
dipesthekake. Tuladha: kacilakan montor mabur, banjir, kebakaran, lan
liya-liyane.
Pawarta
Ndinan
Pawarta
ndinan yaiku pawarta kang wektu lan panggonan kadadeyane wis dimangerteni
sadurunge. Tuladha: pembukaan sekolah anyar, kunjungan presiden ing Batang, lan
liya-liyane.
Pawarta
Crita
Pawarta
crita yaiku pawarta kang ora dibatesi dening wektu lan panggonan, nggambarake
objek kang nengsemake/human interest. Pawarta iki diwedharake mung
kanggo hiburan utawa selingan. Tuladha: crita objek wisata, crita bab
kesenengan/hobby, lan liya-liyane.
3. Perangan Pawarta
a. Sesirah
Sesirah
yaiku perangan pawarta kang dhisik dhewe, biasane mung ditulis nganggo
tembung-tembung supaya nuwuhake minat supaya wong gelem maca isi pawartane.
b. Angle/Ringkesan
Angle
yaiku ukara kang nggambarake ringkesane isi pawarta, biasane ditulis kandel ing
sangisore sesirah.
c. Isi Pawarta
Isi
pawarta yaiku ukara-ukara kang njlentrehake pratawa ngenani apa, ana ngendi lan
kapan kadadeyan iku dumadi.
d. Gambar
Gambar
yaiku perangan pawarta kanggo nuduhake kaya ngapa kadadeyan prastawa kanthi
kasat mata. Ing media cetak awujud foto, lan ing media elektronik awujud video.
e. Sumber
Sumber
yaiku mujudake pawongan kang menehi katerangan utawa komentar marang dumadine
prastawa iku. Sumber bisa mujudake seksi tumrap kadadeyan, utawa pihak kang
nduweni kewajiban kanggo nuntasake kadadeyan iku.
Komentar
Posting Komentar